8 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi yang Singkat dan Mudah Dipahami

8 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi yang Singkat dan Mudah Dipahami

Terkini | inews | Jum'at, 6 September 2024 - 23:04
share

JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi berikut ini bisa jadi referensi. Tak terasa tinggal menghitung hari umat Muslim akan merayakan hari kelahiran Rasulullah. 

Menurut situs Kementerian Agama RI (Kemenag), Maulid Nabi 1446 H atau 2024 M diperingati pada Senin, 16 September 2024. Berbagai acara digelar oleh masyarakat untuk merayakan hari besar Islam itu. 

Sebelum acara Maulid Nabi dimulai biasanya ada sambutan yang disampaikan oleh ketua panitia maupun penanggung jawab acara. Seseorang yang ditunjuk untuk menyampaikan pidato pun bisa menggunakan berbagai bahasa, salah satunya Bahasa Jawa. 

Bagi yang mencari referensi, berikut contoh pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi dilansir dari berbagai sumber, Kamis (5/9/2024). 

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi

1. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum Muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT dene kita taksih ami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kula panjenengan sadaya.

Sami taksih pinaringan kasugengan karahaijan, saged makempal wonten ing (...) dintenpunika tanggai 12 Rabiul Awai tahun 1445 Hijriah. Kita saged makempal wonten ing (...), ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka katua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing (...), ngaturaken gunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.

Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dumateng agami Islam. Minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedaraken bapak (...) saking (...).

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon. Selajengipun, mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti "Bismillahir rahmanir rahiim".

Cekap semanten atur kula, akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah. Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

2. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Sedaya puji kagunganipun Allah, Pangeraning alam. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita sedaya saged makempal wonten mriki kanthi sehat wal afiat mboten wonten kekiranganipun.

Boten kesupen sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun junjungan kita Nabi Muhammad SAW. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken pidato singkat babagan sifat-sifat kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Ing kalodhangan punika sumangga kita sesarengan mengeti dinten miyosipun Nabi Muhammad SAW. Dheweke dadi panutan kanggo kabeh manungsa. Sifat-sifat kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten sekawan ingkang kedah kita tindakaken wonten ing padintenan, inggih menika:

1. Siddiq (Jujur)

Punika kaandharaken wonten ing Al-Qur'an ingkang tegesipun: "He wong-wong kang padha iman! Manawa sira teka ana wong duraka kanthi nggawa kabar, banjur padha nyinau bab kang bener, supaya sira aja nganti gawe cilaka marang sawijining kaum marga saka kebodohan (kecerobohan), lan wekasane sira getun marang tumindakira (Q.S. Al-Hujurat: 6).

2. Amanah (Dapat Dipercaya)

Kados wonten ing hadis Kanjeng Nabi dawuh: "Imane wong kang ora netepi amanah iku ora sampurna" (H.R. Ahmad).

3. Tabliq (Menyampaikan)

Ciri ingkang kaping tiga punika dhawuhipun Kanjeng Nabi ing H.R. Ahmad ingkang tegesipun: "Sing sapa ngatonake kabecikan, bakal oleh ganjaran kaya wong kang nindakake kabecikan iku."

4. Fathonah (Pintar)

Ciri kang kaping telune Nabi Muhammad iku fathonah. Fathonah tegese pinter utawa pinter. Iki dicritakake ing hadis Riwayat At-Tirmidzi, Nabi ngendika ing hadis: 

"Wong-wong sing paling akeh ngelingi mati lan paling siap kanggo ngadhepi iku, wong-wong sing paling pinter, dheweke lunga kanthi kamulyan ing donya lan kamulyan ing donya. akhirat."

Mugi-mugi kita sedaya saged dados pribadi ingkang langkung sae lan mujudaken sekawan sifat teladan Nabi Muhammad SAW. Matur nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.

3. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

بسم الله الرحمن الرحيم - اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ - وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ - وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ - لاَحَوْلَ وَلاَ قُوّةَ اِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ - اَمَّا بَعْدُ

Dumateng pangarsanipun para alim, para kiyai, para Habaib, sesepuh pini sepuh aji sepuh, kasepuhanipun agami ugi kasepuhanipun masyarakat, ingkat satuhu dahat kinabekten.

Wabil akhos dumateng panjenenganipun Romo Kyai ...saking ..., ingkang tansah kito tenggo punopo ingkang dados barokah do'anipun soho barokah ilmunipun. Ingkang kawulo hurmati dumateng panjenenganipun Bapak kepala Desa ... inggih Bapak ... dalah sedoyo perangkatatipun. Ingkang kawulo hurmati dumaateng panjenenganipun ....

Hadirin wal hadhirot Rahimakumullah. Kepareng matur aminagkani pranoto dicoro wonten adicoro pengetan Maulidun Nabi meniko sepindah monggo kulo lan panjenengan sami tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, atas sedoyo kenikmatan, taufik, hidayah soho inayahi-Pun.

Sahinggo kulo lan panjenengan sami saget hadhir wonten ing adicoro pengetan wiyosipun Nabi Muhammad Rasulillah SAW kanti sahe, mugi-mugi hadhir kulo lan panjenengan sami wonten majlis dalu/siang/sonten meniko tansah pikantuk ridhanipun Allah SWT, Amin Ya Rabbal 'Alamin.

Ingkang ongko kalih, sholawat lan salam saking Allah, mugiyo kujuk atur dumateng junjungan kito, Baginda Nabi Agung Muhammad SAW, kanti pangajab mugi-mugi kito sedoyo, keluargi kito sedoyo tansah pikantuk syafa'atipun langkung-langkung syafa'at benjang dinten kiyamah. Amin Allahumma Amin.

Ingkang kaping tiga, kawulo ngadek wonten ngarso penjengan sami inggih aminangkani pranoto adicoro wonten ing adicoro pengetan Maulid Nabi wonten ing dalu/siang/sonten meniko, lan sak derengipin dipun milai, kawulo badhe mahosaken rantaman adicoro ingkang badhe kalampah.

Inkang ongko sepindah inggih meniko pambuko
Ingkang kalih wahosan ayat-ayat suci Al Qur'an

Ingkang ongko tigo tahlil.
Lan adicoro ingka ongko sekawan inggih puniko sambutan-sambutan. Sambutan ingkang sepindah inggih sambutan saking ketua panitia. Sambutan kaping kalih sambutan saking sesepuh kaum. Lan sambutan ingkang kaping tiga sambutan saking kepala desa (...).

Adicoro ingka ongko gangsal inggih puniko istirohat.
Adicoro ingka ongko enem inggih mau'idhotul hasah.
Lan adcicoro ingkang terakhir inggih puniko panutup.

Mekaten menggah rantaman adciro ingkang badhe kalampah wonten ing pengahosan dalu meniko. Lan adciro ingkang kaping sepindah inggih puniko pambuko monggo adicoro pengahosan umum.

Niki dalam rangka pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW wonten ing dalu/siang/sonten meniko kito purwakani sesarengan kanti wahosan Suratul Fatihah, mugi-mugi kanti wahosan kito sami adicoro dalu meniko saget kalampah kanti lancar kangti mboten wonten aral satunggal punopo, monggo kawulo dereaken.

(Al-Fatihah)

Maturnuwun, kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih nuwun inggih wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkan badhe kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), wekdal soho sasono dipun sumanggaaken.

(Setelah membaca Al-Qur'an)

Mekaten wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang sampun kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), peramilo dumateng panjenenganipun dipun aturaken matur suwun.

Kalajenganken adicoro ingkang ongko tigo, inngih puniko tahlil, ingkan badhe dipun pimpin panjenenganipun Bapak KH (...), dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono dipun aturaken sumonggo.

4. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamualaikum Wr. Wb. 

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati, 

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat. 

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin. 

Poro rawuh ingkang minulyo, 

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan: 

Ingkang artosipun 

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung” 

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo, 

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom. 

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak. 

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. 

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh: 

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد 

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti” 

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati, 

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. 

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu: 

Ingkang Artosipun 

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo. 

Poro rawuh ingkang minulyo, 

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat. 

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

5. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh. 

Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din. 

Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh. 

Kaum muslimin lan muslimat ingkang minulya. 

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi wonten ing wekdal punika kita taksih pinaringan kanugrahan dening Allah SWT, satemah saged makempal lan pepanggihan wonten ing masjid ingkang sampun dipunwiwiti kanthi boten wonten alangan setunggal menapa. 

Mugi-mugi pepanggihan kita ing dalu punika ndadosaken kasaenan ing donya lan ing akherat, amin. 

Salajengipun, shalawat saha salam mugi tansah kacurahaken dhumateng junjungan kita Muhammad SAW, amargi panjenenganipun ingkang sampun kasil paring agami Islam ingkang kebak rahmat. 

Kakung miwah muslimin muslimat, ing dalu punika kita sami kempal wonten ing mesjid kangge mengeti Maulid Nabi SAW. 

Wiwit awal wulan Rabi'ul wonten acara wigatos inggih punika miyosipun nabi kita Muhammad SAW. 

Dheweke lair nggawa rahmat, yaiku agama Islam, kanggo nggawe kita saka alam jahiliyah menyang jagad cahya, supaya kita bisa mbedakake antarane bener lan goroh. Kita saged mbayangno kados pundi Rasulullah saw. 

Sadurungé lair ing bumi, mesthi manungsa wis kuciwa, wong wadon dikubur wong lanang, adat-adat jahiliyah disosialisasiaké, sing mlarat tambah mlarat, sing sugih tambah sugih lsp. 

Muslim lan wanita Muslim. Sawise Islam digawa dening Nabi Muhammad, isi tatanan Jahiliyah bisa rampung diganti dadi adat Islam. 

Dadi wong-wong sing biyen nganiaya siji lan sijine, banjur padha tulung-tinulung. 

Wigati, miturut sejarah Islam, Nabi Muhammad saw. Dheweke lair tanggal 12 Rabi'ul Awal taun Gajah utawa tanggal 20 April 571 Masehi. 

Dijenengi taun gajah, amarga Nabi miyos, akeh prajurit nunggang gajah sing arep ngrusak tentara Bait Allah sing dipimpin gubernur Yaman sing jenenge Abrahah. 

Nanging tujuane sing ala kuwi ora bisa digayuh, amarga jurang neraka kebak krikil. 

Muslim lan wanita Muslim. Nabi Muhammad SAW, lair yatim piatu, amarga bapake seda watara pitung sasi, yaiku Abdullah. 

Ibune jenenge Siti Aminah. Tumrap kita umat Islam, ingkang paling utami wonten ing pengetan acara punika kita sedaya tansah niru watakipun Kanjeng Nabi. mulya banget 

Ugi dados panutan tumrap tiyang ingkang kersa manggih Allah SWT. Ing kasus iki, Allah ngandika minangka tembung ing Surah Al-Ahzab. 

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ 

Laqad kāna lakum fī rasūlillāhi uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal yaumal ākhira wa żakarallāha kaṡīrā(n). 

Sungguh, pada (diri) Rasulullah benar-benar ada suri teladan yang baik bagimu, (yaitu) bagi orang yang mengharap (rahmat) Allah dan (kedatangan) hari Kiamat serta yang banyak mengingat Allah. (Q.S Al-Ahzab ayat 21)  

Satemene Rasulullah SAW wis paring tuladha kang becik tumrap sira lan wong-wong kang ngarep-arep kasampurnan Allah lan akherat, lan eling marang Allah saakeh-akehe. 

Mekaten, menawi wonten tembung ingkang kirang mranani penggalih kula nyuwun pangapunten. 

Muga-muga apa sing wis kasebut sadurunge bisa migunani, ihdinash shirathal mustaqiim, 

Wallahul Muwafieq Ilaa Aqwamit Tharieq.

Wassalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh. 

6. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat 

Assalamualaikum Wr. Wb. 

Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din. 

Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh. 

Ingkang kawulo hormati, sesepuh soho pini sepuh, ingkang kito ajeng-ajeng wejanganipun.  

Dumateng bapak kepala desa sak perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun.  

Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati. 

Kanthi ngucapaken raos syukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun, sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saget ngrawuhi lan makempal wonten ing masjid At-Taqwa miriki. 

Satemah ing ndalu punika kita saget makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. 

Awit labuh labatipun sahengga agami Islam tuwuh angrembaka wonten ing zaman saniki, lan Islam ingkang sampun kita rungkepi punika, mila kita saged ambentenaken perkawis ingkang njlomprongaken lan perkawis ingkang nguntungaken. 

Hadirin hadirat kaum muslimin muslimat rahimmakumullah, 

Kados sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kulo minangka mewakili saking segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning panitia kulo hangaturaken sewu agungingapnuwun dhumateng para hadirin hadirat sedaya ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara punika. 

Kula rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti  ikhlas sampun sesarengan hanyengkuyung kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing dalu punika rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara punika mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW. 

Mugi-mugi gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti ganjaran ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin. 

Para Bapak/Ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan, 

Sepisan malih sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak ibu lan sederek sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng hanyengkuyung wontenipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika. 

Lan kula pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula sakadang ngrumaosi bilih anggenipun angaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng manah panjenengan sedaya. 

Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika, kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur, Billahi taufiq wal hidayah. 

Wassalamualaikum Wr. Wb. 

7. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamualaikum Warahmatullahi wa barakatuh. Para rawuh ingkang kinurmatan. Sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang ageng dhumateng umat manungsa, inggih punika miyosipun Nabi Muhammad SAW.

Wonteningkalodhanganpunikakulabadhengaturaken pidato ngengingiwiyosipun Nabi Muhammad SAW. Sedulur-sedulurku sing dirahmati dening Allah SWT. Rasulullah SAW miyos ing Mekah tanggal 12 Rabiul Awal taun Gajah utawi Amul Isi, tepatipun taun 570 M.

Nabi Muhammad SAW tuwuh wonten ing masyarakat ingkang kebak kabodhoan lan kekirangan. Mula Allah SWT ngutus kanjeng Nabi Muhammad SAW supaya dadi tuntunan lan mbenerake dalan tumrap wong kang kesasar.

Sedulur-sedulurku sing tak tresnani. Miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring piwulang bab iman ingkang kiyat, welas asih dhateng sesami, jujur, andhap asor, lan sanes-sanesipun. Dheweke uga mulang awake dhewe supaya sabar lan tulung-tinulung.

Pramila saking menika kathah sifat saha piwulangipun Nabi Muhammad SAW ingkang kedah kita tindakaken. Ora mung ngelakoni sifat-sifat teladan, nanging uga ningkatake ibadah lan akhlak supaya bisa dadi manungsa sing migunani.

Saderengipun kula mungkasi pidato punika sumangga kita sumanggaaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, mugi-mugi miyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW paring pitedah dhumateng kita sedaya supados nindakaken sedaya ajaranipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wassalamualaikum Wr. Wb.

8. Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat

Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak/ibu/sederek ingkang kinurmatan dening Allah SWT. Ing kalodhangan punika keparengan kula ngaturaken pidato bab Maulid Nabi Muhammad SAW.

Maulid Nabi mujudaken tradhisi kangge sedaya umat Islam kangge mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang tanggal 12 Rabiul Awal. Peringatan menika minangka wujud rasa tresna kita dhumateng Nabi Muhammad SAW.

Rasulullah SAW diutus pungkasan dening Allah SWT kanggo nyempurnakake akhlak manungsa. Dheweke dadi tokoh teladan ing kabeh. Ing hadis riwayat Bukhari lan Muslim:

عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنْ insya Allah كَرْتُهُ عِنْدَ خَيْرٍ مِنْهُ

Tegesipun: Saking Abdullah bin Umar, piyambakipun ngendika, Rasulullah SAW dawuh: Sing sapa nyebut asmaningsun ing ngarepe manungsa, ingsun bakal nyebut asmane ing ngarepe wong kang luwih becik tinimbang dheweke.

Wonten ing pengetan Maulid Nabi, kita kedah nindakaken kegiyatan ingkang saged nambahi rasa tresna kita dhumateng Rasulullah SAW, kadosta maos Al-Qur'an, hadis, mirengaken pengajian babagan Rasulullah SAW, saha sholat lan dzikir. Kajaba iku, ana sawetara kegiatan sing bisa ditindakake:

Sedekah: "Satemene papan perlindungan wong mukmin ing dina kiyamat yaiku sedekahe" (HR. Ahmad No. 18043. hadis Shahih).

Tumindakbecikmarangliyane: "Satemene wong sing paling apik ingantarane sampeyan yaiku wong sing paling apik akhlake." (HR. Bukhari no. 6035).

Sholawat: Bab punika ugi wonten ing hadis ingkang dipunriwayataken dening Imam Baihaqi lan Imam Al-Khatib wonten ing Kitab Fathul Bari: "Sapa sing ndedonga kanggo aku ing kuburanku, aku krungu, lan sapa sing ndedonga kanggo aku saka adoh, banjur aku digawa menyang shalawat iku."

Mugi-mugi lumantar kegiyatan ingkang migunani, kita saged ngenget lan tansah ningkataken rasa tresna kita dhumateng Rasulullah SAW. Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian ulasan mengenai contoh pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi. Semoga bermanfaat!

Topik Menarik