7 Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara 

7 Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara 

Terkini | inews | Selasa, 22 Oktober 2024 - 08:42
share

JAKARTA, iNews.id - Contoh teks MC Bahasa Jawa berikut ini bisa digunakan untuk berbagai jenis acara. Penggunaan bahasa daerah di kehidupan sehari-hari mungkin masih banyak digunakan di lingkungan masyarakat. 

Dalam Bahasa Jawa, MC disebut dengan pranatacara. Ia ditugaskan untuk memandu suatu acaranya. Selain itu, ia bertanggung jawab untuk memastikan agar acara dapat berlangsung dengan lancar dan khidmat dari awal hingga akhir. 

Maka dari itu, penting bagi seorang MC untuk memiliki teks MC yang nantinya digunakan sebagai panduan. Teks yang digunakan pun bisa menggunakan berbagai bahasa daerah, termasuk Bahasa Jawa. 

Melansir berbagai sumber, Senin (21/10/2024), berikut contoh teks MC Bahasa Jawa untuk berbagai acara. 

Contoh Teks MC Bahasa Jawa 

1. Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Siraman dan Dodol Dawet

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan batos.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.

Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih, keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika, wondene pratelanipun mekaten:

Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe penganten putri Dewi Kartika dhumateng Rama sarta Ibu

Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.

Manawi tatacara siraman sampun purna, Rara Dewi Kartika lajeng kakanthi manjing ing patenggan, hanindakaken tatacara sengkeran.

Badhe penganten putri sasampunipun manjing patenggan sigra anindakaken tatacara pethet rikma utawi tigas rikma saha sadeyan dhawet.

Mekaten para tamu kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing tatacara siraman saha sadeyan dhawet hing wanci siyang menika, handadosna hing kawuningan.

2. Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara Sunatan

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Kawilujengan, rohmat, saha barokahipun Pangeran ingkang Mahakuwaos mugi tansah tumedhak saha kasarira kita sedaya ingkang sami rawuh ing dalu menika.

Alhamdulillaah wa syukurillaah wa nikmatillaah, la haula walaa quwatta illa billah. Washshalaatu wassalaamu’alaa asrofil ambya’i wal mursalin. Asyhadu alla ilaha ilallooh wa asyhadu anna Muhammadar ‘abduhu wa rosuuluhu.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni; para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya; dalah para ingkang sami rawuh kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Kinarya pratandha binukaning adicara supitan ing dalu menika, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t, Pangeran ingkang Mahawicaksana.

Dene kita tansah pinaringan kasarasan, yuswa panjang, kekiyatan saha kesempatan sami saged rawuh wonten dalem / griyanipun Bapak Muladi ingkang saperlu sami paring panyengkuyung saha puji pandonga dhumateng Bagus Ramadhani ingkang ing wekdal nindakaken sunnahipun Nabi Ibrahim A.s, inggih menika dipunilamaken utawi kasupitaken.

Shalawat miwah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Rasululloh Muhammad SAW, ingkang tansah anyebaraken rahmatipun wonten jagad raya menika

Lan ingkang paring syafaat saha pitulungan benjing wonten ing alam loka baka tumrap para umatipun ingkang sami ngrasuk saha angamalaken agami Islam.

Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, kula Imam Santosa ingkang tinanggenah saha kajibah minangka pangendhaliwara ing dalu menika badhe amaosaken menggah reroncening titilaksana tetesan utawi supitan ing wekdal menika.

Wondene urut-urutaning lampah adicara inggih menika.

Sepisan pambuka

Adicara kaping kalih maos surat Yassin sesarengan katutup waosan doa utawi puji pandonga raharja

Lampah kaping tiga atur pambagya raharja

Adicara kaping sekawan pengaosan

Lelangen utawi hiburan

Adicara supitan paripurna

Para tamu sinedhahan ingkang kula bekteni, mekaten menggah rantamaning adicara Supitan

Demikianlah contoh teks MC Bahasa Jawa singkat untuk berbagai acara terbaru dan menarik. Semoga artikel ini dapat menambah wawasanmu mengenai tata cara menjadi MC Bahasa Jawa.

Melalui contoh teks MC bahasa Jawa di atas, tentunya kamu sudah punya gambar apabila nanti tiba-tiba menjadi MC bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

3. Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Acara Aqiqah

Bismillahirrohmaanirrohiim. Assalaamualaikum wr.wb. Kawilujengan, rahmat, saha berkahipun Alloh S.w.t, mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Asyhadualla ila ha illalloh wa asyhadu anna Muhammadarrosululloh

Tasyakuran sepekenan bayi inggih aqiqoh, anak ayu / Bagus putranipun Bapak saha Ibu wonten Pajangan Rt. 04/Rw. XII, Kalurahan Pajang, Kecamatan Laweyan, Surakarta, dinten Senin Kliwon surya kaping 5 Desember 2022

Para sesepuh, para pinisepuh kakung putri ingkang kula bekteni, para sarjana sujaneng budi ingkang luhur ing budi;

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang bagya mulya; dalah para tamu sinedhahan ingkang kebak ing kabagyan.

Minangka pambukaning titilaksana/ adicara, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Alloh S.w.t.

Dene ing wekdal (siyang, sonten, dalu) menika kita tansah pinaringan kesarasan, kekiyatan, sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Sukmanto ingkang ing wekdal menika ngawontenaken tasyakuran sepekenan inggih aqiqohan putranipun jaler.

Pun anak Bagus Jagad Pinilih ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten ing kalenggahan menika.

Sholawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW minangka rahmatan lil alamin, para kulawarga, para sahabatipun, lan para padherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi pungkasaning jaman.

Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing pakurmatan, kula Imam Sukoco ingkang kasraya minangka pambiwara ing wekdal menika badhe angaturaken menggah urut-urutaning lampah adicara tasyakuran aqiqoh ingkang sanget prasaja ing dalu menika, inggih menika adicara :

Sepisan pambuka

Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an saha tegesipun utawi saritilawah.

Adicara kaping tiga atur pambagyaharja

Pengaosan

Doa wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma

Adicara sepekenan bayi utawi aqiqoh paripurna.

Mekaten para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, menggah reroncening adicara tasyakuran aqiqoh lairipun anak Bagus Jagad Pinilih

4. Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk acara Pengajian

Assalamu’alaikum Wr. wb

بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa Tembok ingkang kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa Tembok beserta perangkatnya ingkang kito hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah

Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan

Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an

Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia

Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan

Acara ingkang kaping gangsal, istirahat

Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a

Acara ingkang kaping pitu-penutup.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.

لرضا الله تعالى ولشفاعة رسول الله صلى الله عليه وسلم

Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan

Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng

Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken.

Matur nuwun kawulo sampeaken.

Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken.

Matur nuwun kawulo aturaken.

Acara selajengipun, inggih meniko istirahat,

Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno

Istirahat kawulo cekapaken.

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

5. Contoh Teks MC bahasa Jawa dalam acara Pernikahan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.

Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama’ khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.

Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul ‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.

Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.

Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;

- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko

kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an

Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo

Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri

Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri

Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do’aipun

Adicoro ingkang urut pitu, penutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho’illa Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah…

Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.

Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’a, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

……………………………………

Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.

Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,

………………………………….

Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.

Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.

………………

Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.

Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

………………

Matursuwun kawulo aturaken.

Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.

………………

Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.

Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do’aipun.

……………….

Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.

Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restu.

Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.

Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Cekap semanten, kawulo akhiri,

Wassalamualaikum Wr Wb

6. Contoh Teks MC bahasa Jawa Pertemuan RT

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawula hormati Bapak Ketua RT (sebutkan RT berapa) 

Ingkang ugi kawula hormati, bapak/ibu warga RT (sebutkan RT berapa) 

Sepindah, sumangga sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah, kanthi rahmat hiduayatipung kito saget makempal wonten acara pertemuan rutin arisan RT menika, ing dalemipun Bapak ...

Salajengipun, salawat ugi salam dumateng nabi Muhammad SAW ingkang dados uswatun hasanah, mugi-mugi, kito pikantuk syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Kawula badhe maosaken acara arisan pertemuan RT menika.

1. Sepindah, pembukaan.

2. Kaping kalih, sambutan tuan rumah.

3. Nomer tugo, Sambutan Bapak Ketua RT.

4. Nomer sekawan, saran, usul, ugi tanggapan.

5. Kaping gangsal, pengumuman laporan keuangan.

6. Banjur penutup.

Monggo, kito nukak acara punika kanthi waosan alfatihah.

Salajengipun, inggih punika sambutan tuan rumah, dumateng Bapak ...., wekdal ugi panggenan sakcekapipun.

Menika sambutan tuan rumah.

Salajengipun, sambutan ugi informasi saking Bapak ketua RT, dumateng Bapak ..., wekdal kasumanggaaken.

Mangga, kito lanjut acara ingkang nomer sekawan inggih punika saran ugi usulan saking warga.

Dumateng wargo ingkang gadah usul lan saran kangge lingkungan RT, kasumanggaaken.

Acara saran, usul, ugi tanggapan sampun kalampahan, mbok bilih wonten usulan ingkang dereng saget kaputusaken, kito sambung ing pertemuan wulan ngajeng.

Acara saklajengipun inggij punika laporan keuangan, dumateng poro punggawa ingkang kagungan jejibahan, sumonggo wekdal kasumanggaaken.

7. Contoh Teks MC Bahasa Jawa Acara Perpisahan

Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMA 5 Baturaden. Bapak ibu guru, wali murid saha karyawan ingkang kula hormati. Lan ugi kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun kersa paring rahmat saha kasarasan dhateng sedaya tiyang satemah kita saged makempal wonten ing papan menika kanthi boten wonten kekiranganipun.

Nami kula Tiara Ramdani, minangka pembawa acara, badhe ngaturaken rincian acara perpisahan ing dinten menika.

Punika urutanipun:

Pambuka

Sugeng rawuh ketua panitia

Pentas Seni saking Kelas X lan Kelas XI

Pidato perpisahan kelas XII

Persiapan sambutan Kepala Sekolah SMA 5 Baturaden

Pandonga panutup

Acara pungkasan yaiku donga lan panutup.

Sumangga adicara dinten punika kita pungkasi kanthi maos Hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillalamin.

Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula nyuwun agunging pangapunten dumateng para rawuh menawi wonten kalepatan anggen kula matur.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

Demikian ulasan mengenai contoh teks MC Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat!

Topik Menarik